klick

Thursday, August 23, 2018

Daging qurban nadzar

Daging qurban nadzar lan  larangan neda.
Pertanyaan :
Nalika wonten tiyang qurban kanti nadzar , lajeng piyambakipun tumut neda dagingipun.
a.  Menapa piyambakipun wajib nyembelih qurban malih ?
b. Larangan neda daging qurban nadzar menika berlaku
    kagem  sinten mawon ?.
Jawab :
Miderek qoul ingkang rojih, lan nashipun Imam Syafi’i tiyang kala wau mboten wajibnyembelih qurban malih, nanging wajib nempuhi reginipun daging ingkang dipun teda. Dene hukum haram menika lumampah kangge tiyang ingkang qurban nadzar lan sedaya  keluarga ingkang wajib nafkahipun.
Keterangan saking kitab :
1. Al Bajuri Juz : 2 hal .  310.  
2. Kifayatul Akhyar Juz : 2. Hal. 241.
1.{  ولا يـأكل    المضحى  شـيئا من ألأضحيـة المــنـذرة } 
   وقـولــه ولا يـأكل أي لا يجـوز لــه ألأكـل فـأن أكـل شـيئا غـرمـه
         وقـولــه   المضحى  وكـذا مـن تـلـزمـه  نـفـقـتـه
1. Wong kang Qurban iku ora   kena mangan sithik wae saka daging qurban kang dinadzari, (dawuh ora kena mangan ) tegese Ora wenang tumrap wong kang qurban mangan danginge qurban sinajan mung sitik wae, lamun wong kui mangan, mangka deweke ketempuan. 
Dawuh “Ora wenang tumrap wong kang qurban mangan danginge qurban” kui uga lumaku kanggo wong kang wajib di   nafkahi.    (Al Bajuri Juz : 2 hal .  310).  
2. و لا يجـوز لــه  أن يـأكل مـنـهـا شـيئا.فـلـو أكل مـنـهـا شـيئاغـرم    ولا  يـلـزمـه اراقــة دام ثـانـيـا لأنـه قــد فـعــله وفـيـمـا يضـمـن اوجـه الـراجـح ونـص علـيه الـشـافعي رضي الله عنه  انـه يـغرم قـيمـتـه كما أتلـفه غـيره
2.  Ora wenang tumrap wong kang qurban mangan danginge qurban sinajan mung sitik, lamun wong kui mangan  , mangka deweke ketempuan.       Lan ora wajib ngilekake getih kang kaping pindo sebab deweke wis nglakoni wajibe lan perkara kang dadi tanggungane. Iki dedalan kang rojih, lan Imam Syafi’i RA. wis ngenash /netepake yeng wong kang mangan daging qurban nadzare wajib ngganti regane kaya wajibe nempuhi wong liya kang ngrusakake.       (Kifayatul Akhyar Juz : 2. Hal. 241),

Kesimpulan.
Tiyang ingkang qurban kanti nadzar mboten kenging neda dagingipun qurban. Menawi neda dagingipun wajib nempuhi, nanging mboten mbatalaken korbanipun lan mboten wajib nyembelih korban malih. Sedaya daging lulang lan sanesipun wajib dipun shodaqohaken, tiyang ingkang korban sak keluarganipunhara ngalap korbanipun senaosa namung lulang utawi sungunipun. Dene ingkang ketatrapan awisan neda punika tiyang ingkang qurban lan tiyang ingkang wajib dipun nafkahi.

Newer Post Older Post Home